Raden Werkudara uga disebut Raden Bratasena,satriya ing jodhipati.Kadang penenggake Prabu Puntadewa. Satria gagah prakosa, prawira sembada lan pilih tandhing. Watake jujur, kena pinitaya, tresna marang kadan- kadange, luwih- luwih marang puntadewa. Apa ngandikane diturut lan manut ing sapakon, dilakoni kanthi lila legawa. Yen metu ing pathet nem adate nganggoWerkudara kang apulas prada (kuning), nanging yen metune wis pathet sanga, utawa manyura nganggo sing apulas ireng. Werkudara iku sejatine putrane Bathara Bayu, mulane yen lumaku ingiring angn gedhe. Yen mungsuhe remeh- remeh ngono wae, cukup kaprebawan angine Werkudara, mesthi kendhang saka prabatan.
Werkudara sing asarira ireng kerep dicritakake dening Ki Dalang mang kene,” Kocapa ingkang meger- meger neng madyaning alun- alun Negara Batanakawarsa Raden Arya Werkudara, ingkang kari anggana raras, anggana sarira pribadi.
Sumping parumbing kencna rineka jaroting asem. Werkudara yen metu kejarotane kaku kara pikulan, lemes kaya tetali. Werkudara pikukuhing Pandawa lima, senapatinig gelaga, jejatining Ngindraprastha. Ngagem gelang candra kirana. Ngagem dodot poleng bang pintulu aji, patang prakara padha macan warna. Abang, kuning, putih, ireng. Abang marang kanepson, kuning marang pepenginan,putih, marang kasukan,ireng marang kalanggenan. Tinon saking mandrawa kumendheng dudu banyu, hiya iku abra warnane, markatha wujude, yen ginelar ngebaki jagad, yen ginulung sak mrica binubut gedhene.
Lancingan kombor “kodhok boneset”, kinancing pereng rineksa sirahing naga, tandha rikala sang Werkudara angsal banyu panguripan. Duk manjing ing samudra, Werkudara cinakot naga, nanging sejatine Werkudara datan kasmaran. Padha sakala tutuking naga sinuwek nganggo pancanaka. Narasinga ingkang den asta, benjang prang Bratayuda Jaya bunangun Werkudara wudharing asta. Werkudara kena disebut satriya kena lara tan kena ing pati, benjang yen banawa ginulung, Werkudara kena muksa. Sanadyan jagad mug kari sak eyuping paying, mangka maksih ngranggang lintang Bima Sekti ingkang anjnengi, isih tulus rahayu. Werkudara kagungan ajin ungkal bener, yen lumaku tanpa menggok, yen mlaku ngetan ya ngetan bener, yen mlaku ngalor ya ngalor benr. Alas tinjarang, gunung lipatan. Lumpatane sang werkudara, yekti pitung pandelengane Dwipangga. Wau ta werkudara yen arsa lumampah rinancut panca indriyane, mila meger- meger kaya tugu prmita. Tugu wis ngarani pratima kencana. Sak nalika padhang palungguhanekembenging napas werkudara bareng karo lakuing angina.
Wau, ta barate werkudara ana kuwasane dhewe- dhewe, buta barat saka siyung, Pandhawa barat lima cacahe, tata nggawa lelara, indri barat saka mripat, yaksa barat anasaksara, sarat nggawa lelandhep, maruta barat konkonan, panawa baratmetu alas, bana barat metu nduwhur, samirana barat angilangake kring, wisikan barat kang metu kuping, gulingan barat ana ing aturon, warayang barat ngeruntuhake gegodhong, panca bayu barat lima cacahe gunulung dadi sak gunung anakan gedhene, prakempa arane, yen ngrajang alas pating jarethot, kang malang putung, kangrawe rantas, kang jero tancepe pokah, kang cethek tanjake rungkat. Werkudara sigra cancut tali wanda, cuncut tanceping asta, taliwanda cicing.
Mangkono caritan Ki Dhalang yen pinuju nyaritakake Werkudara pulas ireng.
Sumping kembang pudak setegal kang rupane putih nduwe watek putih jaba jero = versi banyumas
BalasHapus